Cari Blog Ini

Tampilkan postingan dengan label Baasa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Baasa Jawa. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 02 Desember 2017



Asal Usul Desa Tempelan

          Jama ndisik iku omah ora kaya sing wis pirang-pirang ana endhi-endhi pinggir dalan. Nek jaman mbiyen omah isih arang-arang. Pendhuduk sing akih kuwi wong Jawa. Jaman buyut biyen nek kumpul dulur-dulur padha dadi siji, artine ngene omah iku cedhak nemplek siji nemplek karo liyane, tapi isih dulur kabeh, ana mbak yune, adhine, kang mase, pokoke dadi siji lah. Dadi nempel iku isa diarani kata-katane tempel. Nah, mula iku diarani tempelan. Ndisik iku wong oira gelem siji lan sijine adoh. Makane sak dulur iku nemplek-nemplek, emoh misah-misah. Pokokman mangan ora mangan kumpul. ‘’Nemplek” iku                                                             nemplek..nemplek..nempel..nempel..Tempelan.


Asal Usul Desa Jepon

Nalika jaman Kerajaan Pajang, pimpinan kerajaan kui nduweni 3 anak sing siji wadon lan loro lanang. Sing lanang tundhuk marang wanita, padha ora gelem netep lan nduweni kuasa ning kerajaan kasebut banjur pindah menyang luar negeri. Ing sawijining dina, ana ing tengah perjalanan salah sawijining putra Kerajaan Pajang seda ing desa Semanggi lan sijine urip ing Janjang. Ana ing kana dheweke nduwe santri.
            Ing sawijining dina, dheweke ngutus santri madosi dandang. Banjur santrine kui metu kanggo nggoleki dandang kasebut. Santri mau terus mlaku mudhun ing dalan.Delalah santri mau ngerti ana keramaian,dheweke kepingin weruh banjur nyedhaki keramaian mau.Jebule iku mau pasar.Santri mau mikir yen awake bakal nemokake dandang ing pasar iku. Nanging sakwise dheweke anak ing pasaran dheweke mung nemokake injet lan empon-empon. Akih banget  pedagang sing ngedol injet lan empon-empon ing kana. Banjur santri mau ngomong “Mbesuk yen ana reja-rejane jaman ing desa iki,mula desa iki disebut Desa Jepon”. Santri mau terus mlaku goleki dandang ing pasar iku. Sakwise nemu dandang sing kaya dikarepake,dhweke banjur mulih. Barang urung tekan omah, ning dalan dheweke dicegat wong ala, santri mau dibegal lan seda ing kana.Santri mau dikubur ing kidule pasar Jepon. Nganti saiki pasareane digunakake kanggo keramat wong-wong sing ana ning desa iku. Banjur pasareane iku disebut Pasareane Mbah Dandang.